Thursday, November 03, 2005

Minal Aidin Wal Faidzin

Sumringah bingar sinawung suka ing wardaya,
keparenga kula ngaturaken Minal aidin wal faizin.

Sugeng Idul Fitri 1426 H,
saha nyuwun sih lubering pangaksama ingkang agung menggah sadaya kalepatan kula,
klenta-klentuning anggen kula munjuk atur, ingkang ageng-alit,
mugi kaleburana ing dinten ariyadi punika.

Salajengipun mugi pinaringan lumunturing sih puja-puji
pangastuti ingkang saged murakabi dhumateng sagung brayat.
Kadang sawetahipun lan boten wonten ingkang sami kacicir.